Wonogiri-Inspirasiline.com. Bagi mereka yang saat ini berusia 60 tahun lebih(Lansia ) pasti mengenal dan mengalami berbagai jenis alat penerang ( lampu ). Beberapa jenis lampu atau ” diyan ” antara lain ; lampu jarak, uplik, senthir, teplok, bethetan, kerekan, pom, petromax, lampu listrik. Semua jenis lampu tersebut berfungsi sebagai alat penerang. Perbedaannya terdapat pada bahan bakar, bentuk, bahan dasar lampu, serta fungsinya.
Di antara jenis lampu tersebut, lampu ” Kerekan ” paling dikenal masyarakat, baik masyarakat biasa ataupun kalangan bangsawan, karena memilik bentuk yang unik, dan artistik.

Lampu ” kerekan ” bagi orang Jawa memiliki cerita yang amat lungit, dan makna yang mendalam.

Lampu kerekan.

Nurut tatarane, lampu kerekan bisa ana ngisor, tengah, sarta ana ndhuwur. Kepriyeabae lampu kerekan duwe jejibahan madhangi kahanan, weh pituduh kawula kang kapetengan, gawe asrine kahanan, sarta reseping swasana.
Taline lampu kerekan kinanthenan bandhul, pamrihe kinarya tetimbangan, dimen ” diyan ” mapan ana tengah, ora dhoyong sarta ora gampang kagoncang angin.
Kap lampu kerekan pinetha langit, kuwung putih memplak, wimbuh semprong kaca, kinarya amping- amping angin, wekasan urupe damar anteng, mantheng nuju ngawiyat madhangi kahanan.
Sanadyan lampu kerekan ora murup ( mati ) tetep akeh wong seneng ndulu, nelingake, micara, awit bebudene kang dhemen asung pepadhang marang sasama, sarta sagung dumadi.
Tumrap piyantun sepuh, napa malih panganggit lampu kerekan, tartamtu wonten pitutur luhur ingkang sinandi ingkang sipatipun asung piwucal becik.( mendidik ).
Jaman rumiyin, limrahipun lampu kerekan mapan wonten kraton, krabat kraton, ( kangge pemut gesang manungsa kadidene gegambaranipun ” Lampu Ketekan “.
Majuning kawontenan, lampu kerekan lumeber dhateng para punggawa desa, miwah masyarakat umum.
Namung, emanipun kathah ingkang mboten/ dereng mangertosi bab piwucal ingkang kasimpen/ sinandi ing lampu kerekan punika.
Semoga ” sapala ” pengetahuan ini dapat berguna, khususnya para generasi muda, yang belum mengetahui tentang ” Lampu Kerekan “. ( Sukamto/ 19 )