Nukilan, Kisah Kasih Narasoma-Pujawati

NEWS

Wonogiri-Inspirasiline.com. Cerita Mahabarata dalam lakon Kisah Kasih Narasoma dan Pujawati tidak dapat dipisahkan dengan tokoh Begawan Bagaspati, serta Aji Candhabirawa.

Isi lakon tersebut sarat makna. Memberikan pendidikan budi pekerti, gambaran kehidupan manusia, kepemimpinan, tata negara, kasih sayang, kejujuran, dan… .?

Untuk memahami kandungan cerita, ikuti sampai selesai.

Agar lebih menarik, Nukilan Kisah Kasih Narasoma – Pujawati akan kami ceritakan dengan Bahasa Jawa.

Dewi Pujawati/ Setyawati. (Foto Dok)

Mekaten … .
Raja Mandaraka, Prabu Mandraspati kagungan putra Raden Narasoma tuwin Dewi Madrim.

Ing Argabelah, wonten pandita linuwih pangawak raseksa Aran Begawan Bagaspati. Nadyan wujud buta, Bagaspati nggadhahi watak berbudi, asih semami, jujur, kagungan putri sulistya ing warni, peparap Endang Pujawati, utawi Setyawati

Bagaspati gadhah Aji Candhabirawa, wujud buta bajang. Kasektenipun tanpa tanding. Manawi dipun wateg ing paprangan, dipun senggol, buta bajang setunggal badhe dados kalih, dados sekawan, ngantos maewu – ewu. Elokipun, manawi dipun kendelaken, Candhabirawa badhe lerem, wangsul manunggal kaliyan Bagaspati.

Gegawan Bagaspati. (Foto Dok)

Kocap, Pujawati nujweng ari badhe adus ing sendhang Argabelah. Ing mriku Pujawati mangertosi Narasoma nembe semedi ing sangandhaping ringin sendhang. Sakala Pujawati kaget ndulu Narasoma ingkang satuhu pekik kalangkung. Mireng swanten lamat – lamat , Narasoma kaget, satemah jugar anggenipun semedi. Tan kinira, tempuking netra kekalih damel getering jantung, wekasan nuwuhaken raos kasmaran kekalihipun. Pujawati keladuking asmara, kepengin kagarwa sang bagus Narasoma.

Narasoma tanggap ing galih, esthining manah Narasoma kepengin nguji sepinten lebeting katresnanipun Pujawati dhumateng Narasoma. Wosing sedya, Narasoma purun anggarwa Pujawati manawi Begawan Bagaspati tumekeng lalis. Jroning batin Narasoma isin gadhah marasepuh wujud raseksa.

Pujawati kaget kados sinamber gelap, midhanget pamundhutipun Narasoma. Kabidung rasa bingung, kagubel raos katresnan. Kanthi tumetesing luh, rasa bingung Pujawati ngadhep ingkang rama Begawan Bagaspati.

Pujawati matur sarwi sesrengukan menggah darunaning sedya. Mireng aturipun Pujawati, kagyat sapandurat datang ngandika emeng jroning galih. Nanging, kadosa pundi kabekta raos tresnanipun dhumateng Pujawati, Bagaspati sagah minangkani panyuwunipun Narasoma. Lila legawa ngeklasaken patinipun kinarya wujud katresnanipun dhumateng putra kinasih Pujawati.

Bagaspati sabejagong kaliyan Narasoma. Sulayaning tembung, nuwuhaken daredah. Wekasan prang tandhing adu kadikdayan. Pungkasaning prang, Narasoma kapikut tan bisa ngglawat, sambat nyuwun pangaksama.

Bagaspati tanggap, emut dhumateng panyuwunipun Pujawati, bilih piyambakipun sanget nresnani Narasoma. Bagaspati lajeng ngrangkul Narasoma njarwani menggah marganing pati.

” Narasoma, tak jarwani mungguh marganing patiku, sarta piwelingku marang jeneng sira ” ngedikanipun Bagaspati.

Sepisan, Besuk yen Pujawati wis dadi garwamu, tresnanana nganti tumekaning pati, aja sira wayuh, aja sira daksiya sarta papakna samesthine kalungguhaning wanita.

Kaping pindho, aku duwe aji Condhabirawa, bakal tak wenehke marang jeneng sira. Condhabirawa kinarya piandel besuk tumapake prang Baratayuda. Wong kang kanggonan aji Condhabirawa kudu betah luwe, ati suci, sarta laku utama. Kalamun wetengmu tansah wareg, atimu reget, Candhabirawa bakal nangis njerit. Jerite agawe giris kang padha kaprungu. Lamun jenengsira nindakake laku utama, Condhabirawa bakal mesem ngguyu, agawe tentreme praja, sarta sagung kawula.

Kaping telu,
Kawruhana, manawa pangapesanku ana ing sikut sisih tengen. Mula Narasoma, pangkasen sikutku, ing kono margane patiku.

Kaping papat,
Narasoma, besuk tumapake prang Baratayuda, jeneng sira bakal tandhing yuda kalawan nalendra utama kang duweni getih putih, aran Prabu Puntadewa nalendra Ngamarta. Ing kono margane patimu, gugur minongko satriya kusumaning bangsa.

Kaping lima,
Narasoma, besuk patimu bakal bareng sakulawarga mlebu kasuwargan jati.

Cukup Narasoma, tindaknabm apa kang tak dhawuhke. Muga patiku kinarya srana kamulyanmu sakelaron.

Narasoma mastuti dhawuhing Begawan Bagaspati. Gya ngunus curiga, sikut Bagaspati kapangkas, muncrat getih putih, njalari Bagaspati tumekeng lalis.
Tangis Pujawati sakeloron tan kena binendung. Puja semedi hanjurung guguring Begawan Bagaspati, ngayun Ywang Kawasa.

Wekasaning Carita, Narasoma sarimbit kondur mring Nagri Mondraka, jumeneng nata gumantos ingkang rama, jejuluk Prabu Salya.

Prabu Salya mangreh praja sinuyudan para kawula. Nagri ayem tentrem, gemah ripah loh jinawi. Sang nata mangreh praja netepi darmaning nata, manut tatananing nagari.

Syahdan,
Begitulah Nukilan, Kisah Kasih Narasoma – Pujawati. Cerita ini terkandung cerita yang mengisahkan perbuatan baik, dan buruk. Untuk itu, seyogyanya hal yang baik dapat kita teladani, sedangkan yang buruk kita hindari, bahkan kita buang sejauh mungkin. (SK/19)

Bagikan ke:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *